Asal usul Seloromo
Ing sawijining daerah ing gunung
lawu, ana wong tani. Dheweke
minangka petani ingkang sregep kerja nanging sawahe ora amba. Dheweke bisa nyukupi kebutuhane saka kasil kerjane. Sakjane umure wis cukup kanggo mantenan, nanging dheweke tetep milih urip dhewekan. Ing sawijining dina, dheweke nggolek manuk ing alas.
“Muga-muga aku
entuk manuk sing gedhe, supaya bisa kanggo maem,” Omonge petani mau jroning batin.
Nalika wis mlebu ning ngalas, petani
iku ndeleng manuk kang endah banget. Meneng-meneng, petani iku bisa nangkep
manuk iku. Dheweke nggumun weruh manuk kang endahe kaya pelangi. Werna ulune
emas semu abang.
“Tulung! Aku aja mbok
pateni! Aku bakal bersedia ngancani kowe yen kowe ogak mateni aku.” Omonge manuk
iku keweden.
Wong tani iku kaget krungu swara
manuk iku. Saking kagete, golok sing dicekel mau tiba ing lemah. Ora suwe, manuk
iku maleh dadi gadis kang ayu banget.
“Apa aku mimpi?” omonge wong
tani iku.
“Aja wedi, Pak.
Aku iki manungsa padha kowe. Aku utang budi banget marang sliramu merga wis nyelamatke aku saka kutukan
Dewata.” Omonge gadis iku.
“Jenengku Putri, aku ora kabotan dadi garwamu.” Omonge gadis iku. Petani iku ngangguk. Lan dheweke resmi dadi pasangan.
Nanging, ana janji sing ora bisa
diingkari yaiku dheweke ora pareng nyeritakake asal-usule Putri saka manuk. Menawa janji
iku dilanggar, bakal ana petaka dahsyat. Sawise tekan desa, penduduk desa
padha gempar weruh wong wadon iku.
“Mungkin dheweke
iku widadari saka kahyangan.” Omonge penduduk desa.
Petani ngrasa bahagia lan tentrem. Sebagai bojo
sing apik, dheweke kerja keras nggolek nafkah ngolah sawah lan ladange
kanthi tekun lan ulet. Amarga kerja kerase, dheweke bisa nyukupi kebutuhane. Akeh wong kang iri
lan akeh wong sing ngrasani.
“Aku ngerti, petani
iku mesti nduwe sugihan!” Omonge seseorang marang wong liyane.
Hal kuwi mau keprungu tekan petani
lan Putri. Nanging dheweke ora tersinggung, malah dadi sregep kerja. Setahun sawise, kebahagiaane wong tani lan garwane nambah, merga Putri
nglahirake bocah lanang, jenenge Putera. Putera dadi bocah kang sehat lan kuat. Anake manis,
nanging nakal. Dheweke nduwe kebiasaan ala sing marai nggumun wong tuane, yaiku gampang
luwe. Panganan sing bisa dipangan wong telu, bisa dimaem dhewe. Suwe-suwe,
Putera nggawe bapake nesu. Yen dikongkon, dheweke mesti ora gelem. Puteri kerep nasehati bojone supaya sabar.
“Ya, aku bakalan
sabar! Kepriye carane, dheweke tetep anake dhewe!” kandhane petani iku marang garwane.
“Alhamdulillah
panjenengan bisa sabar, kangmas.” puji Puteri marang bojone.
Bener kandhane uwong, menawi sabar
iku ana batese. Hal iku dialami petani iku. Sawijining dina, petani iku entuk tugas ngirimi maeman lan unjukan ing
sawah anggone bapake kerja. Nanging Putera ora menuhi tugase. Petani iku nunggoni tekane anake, sinambi nahan
luwe lan ngelak. Dheweke langsung mulih nyang ngomah. Ning ngomah, Putera lagi bal-balan. Petani iku nesu lan
njewer kupinge anake.
“Bocah ra tau diuntung ! Ra isa ngrewangi prihatin ! Dasar anak manuk !,” umpat petani iku, ora sadar apa sing lagi bae di omongke.
Istrine sing
ana ing njero ngomah krungu apa sing diucapke bojone iku. Banjur, dheweke metu
nekani bojone.
“Kangmas, menapa panjenengan kesupen
kalihan janji punika?” Kandhane Puteri kanthi sedhih.
“Dasar manuk! Aku nyesel wis nikah
karo kowe! Dasar manuk sialan!” Kandhane petani iku karo nesu-nesu.
“Nggih mpun, menawi punika ingkang
panjenengan purun!” ucape Puteri karo nangis.
Sawise omonge
Puteri mau, Puteri lan Putera lunga ninggalake wong tani iku. Sawise dheweke
lunga, wong tani iku maleh dadi watu sing paling gedhe ana ing desa iku.
Semenjak iku, daerah iku disebut Seloromo.
Sing artine Watu Bapak, ing beberapa wengi, Puteri lan Putera sering
ndeleng wong tani iku sing dadi watu saka langit, kandhane wong-wong. Saka
kedadeyan iku, desa iku disebut Seloromo.
Comments
Post a Comment